Contoh Dialog Dalam Bahasa Jawa

Berikut adalah contoh dialog dalam bahasa jawa yang mungkin bisa membantu sobat dalam mencari contoh dialog yang menggunakan bahasa jawa. Dialog dalam bahasa jawa ini berjudul "Tilpune Pak Carik Marang Pak Lurah". Seperti apa dialognya, silakan sobat baca sendiri dibawah ini :

Contoh Dialog Dalam Bahasa Jawa

Judul : Tilpune Pak Carik Marang Pak Lurah

Pak Carik : "Halo! Assalamu'alaikum!"

Abdine Pak Lurah : "Waalaikumsalam! Punika sinten?"

Pak Carik : "Kula, Pak Carik. Badhe matur kaliyan Pak Lurah punapa saged?"

Abdine Pak Lurah : "Kula aturi ngentosi, kula badhe matur rumiyin!"

Pak Lurah : "Iki Dhik Carik? Kok mruput esuk-esuk wis nilpun?"

Pak Carik : "Inggih Mas Lurah. Enjing punika kula mruput nilpun Panjenengan. Wonten bab ingkang wigatos, sampun ngantos kesupen!"

Pak Lurah : "Ana wigati apa Dhik Carik?"

Pak Carik : "Badhe nyuwun periksa punapa Pak Lurah kersa kula dherekaken mriksani ringgit purwa. Manawi kersa kula caosi karcis kangge malam Minggu punika."

Pak Lurah : "Nonton menyang ngendi? Apa lakone?"

Pak Carik : "Dhateng RRI. Lampahanpun Begawan Ciptaning. Ciptaning inggih Begawan Mintaraga, inggih Janaka."

Pak Lurah : "Iya gelem nek ngono. Lakon Ciptaning iku iya lakon Arjuna Wiwaha. Lakon Ciptaning mana akeh piwulange."

Pak Carik : "Ringgit purwa punika kok dipun-remeni masarakat Indonesia langkung-langkung masarakat Jawi punika kados pundi?"

Pak Lurah : "Dak-kira ya saka anggone mbalung sungsum ana ing masarakat uga piwulange kang mawarna-warna.

Pak Carik : "Kula kinten ugi makaten. Amargi wiwit jaman Kediri kemawon sampun wonten tontonan wayang."

Pak Lurah : "Tenan lo, Dhi Carik. Mengko bengi dakaturi ngampiri aku."

Pak Carik : "Inggih Mas. Mangke dalu rak marem anggenipun mriksani. Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh."

Nah, diatas adalah salah satu contoh dialog dalam bahasa jawa secara singkat dengan dua tokoh utama sebagai pemeran dan satu tokoh sebagai sampingan. 

Postingan terkait:

Belum ada tanggapan untuk "Contoh Dialog Dalam Bahasa Jawa"

Posting Komentar

Silahkan sharing ilmu kalian melalui komentar dibawah. Mohon menggunakan bahasa yang sopan saat menulis komentar. Jangan menaruh link aktif pada komentar kalian. Segala bentuk link aktif akan kami hapus. Terima Kasih.

Formulir Kontak

Nama

Email *

Pesan *